My Hot Videos



Basa Jawi : Ki Hajar Dewantara

Saturday, March 16, 2013

KI HAJAR DEWANTARA
Hari Pendidikan Nasional utawa Hardiknas dipunpengeti saben tanggal 2 Mei. Adhedhasar tanggal lan wulan kalairanipun Ki Hajar Dewantara. Katetepaken dening Pamarintah Republik Indonesia, nalika 16 Desember 1959.
Minangka tandha atur panuwun saking pamarintah dhateng Ki Hajar Dewantara ingkang ageng labuh labetipun ing babagan pendidikan ing Indonesia. Sinten Ki Hajar Dewantara menika?
Ki Hajar Dewantara utawi R.M Suwardi Suryaningrat. Putranipun RA Sandiah, lan Raden KPH Suryaningrat, putranipun Sri Paku Alam III. Nalika jaman penjajahan Belanda, R.M Suwardi Suryaningrat kaanggep mbebayani awit ngedegaken Perguruan Taman Siswa minangka punjering ngelmu politik, kabudayan, lan pendhidhikan. Menapa malih nalika nyerat Als ik een Nederlander was (Andaikan aku orang Belanda) wujud protes dhateng pamarintah Belanda, panjenenganipun kacepeng lajeng kasingkiraken kanthi ukum bucal ing negari Belanda, ugi kedah nilar gelar bangsawanipun. Sasampunipun nindakaken ukum bucal panjenenganipun kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara.
Kajawi sinebat Bapak Taman Siswa ugi sinebat budayawan, sebab Ki Hajar Dewantara nate keparingan gelar Doctor Honoris Causa dening Prof. M. Sarjito minangka Rector UGM, nalika tanggal 19 Desember 1959. Dasaripun awit Perguruan Taman Siswa ningakaken Sistem Pendidikan Nasional minangka sarana nggayuh Kabudayan Nasional.
Ki Hajar Dewantara ugi misuwur pamanggihipun bab Tri Logi Kepemimpinan, ingkang isinipun manawi pemimpin menika kedah saged nindakaken 3 prekawis inggih menika :
1.      Ing ngarsa sung tuladha, ingkang tegesipun pemimpin mapan ing ngajeng sageda dados patuladhan ingkang sae tumrap andhahanipin.
2.      Ing madya mangun karsa, pemimpin mapan ing satengahing ingkang diunpimpin kedah ndherek nyengkuyung sageda ingkang dipunpimpin nggayuh seyda ingkang langkung inggil.
3.      Tut wuri handayani, ateges sanajan ngawat-awati saking katebihan, pemimpin kedah gadhah daya kekiyatan supados ingkang dipunpimpin tansah manggih rahayu kalis saking sambekala.
Awit labuh labetipun tumrap bangsa lan negari, pamarintah paring sesebatan pahlawan nasional tumrap Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar Dewantara seda tanggal 16 April 1959 kasareaken ing Taman Langgeng pasareyan kulawarga Taman Siswa.

0 komentar:

 
Do you can do it?? © 2012