Katresnan Jaman SMA
“Sari!...”, Nisa nyeluk kanthi ngagetake atine Sari. Ora biasane Nisa
menyang sekolah gasik. Karepe Nisa menyang sekolah kuwi ya sepuluh menit
sakdurunge bel krungu. Ugo ora biasane isuk-isuk Nisa nyeluk Sari.
“Ono opo Nisa?, ora biasane wayah mene wes ketok ing sekolahan, kog
kadingaren banget wayah men ewes ngetok, nyelok aku pisan.” Saute Sari nanggepi
omongane Nisa.
“Aku ndherek bapak, dadi gasik. Ouw geh, sampeyan ngertos dereng?”
“Ngertos nopo to Nis? Wonten nopo?”
“Opo sampeyan durung krungu, opo sek podo diomongke?”
“Durung, aku ora krungu nopo-nopo, lha wonten menopo to Nis?” Takone Sari
kanthi raos ingkang kepingin ngerti banget.
“Menawi Siti sakniki tresno marang Rudi, lan sampeyan ugo ngerti to? Menawi
Siti niku kancane sampeyan sak kelas, cerak kalih sampeyan?”
“Mboten, aku mboten cerak kalih Siti, Siti niku bocah ingkang menengan lan
mboten rame, nanging pripun raosipun Rudi?” pocape Sari.
“Waduh, nggeh aku mboten ngertos, nggeh mang tanglet dewe, sampeyan nggeh
setunggal kelompok kader biopori to? Nanging tak pikir mboten penting banget
carios kaya mengkono. Nanging perlu dimangerteni, bilih Rudi niku tresno marang
sak wong.” Wangsulane Nisa marang Sari.
“Sinten niku? Sampeyan mangertos nopo?”
“Nggeh sampeyan tanglet mawon kalian Rudi. Sampun wayahe mlebet kelas. Aku
mlebet riyen!” Wangsulane Nisa kang disambi mlayu menyang kelas.
Nisa mboten setunggah arah lan ugo mboten setunggal kelas kalian Sari ono
ing kelas IPA.
Ing kelasipun Sari, sampun kathah bocah ingkang nyepakake wit-witan ingkang
badhe dipun tandur ing plataran kagem nglaksanakaken lomba Adiwiyata. Kelas
kuwi rame sanget, ing njero kelas Sari ngroso bilih mboten wonten ingkang gawe
bungah. Sari banjur lungguh ing papane, ndelehake tas lan ngetokake buku ingkang
badhe diagem. Saksampune mapan Sari namung lungguh anteng, mboten nglakokake
nopo-nopo.
“Sari, nopo sampeyan mangke badhe menyang kader biopori?” teko-teko Siti
tanglet kaleh Sari. Lan gawe Sari ngrasa kaget.
“Enggeh, lha pripun, wonten nopo?”
“Aku nyuwun tulung, wenehno serat iki kanggo Rudi. Sampeyan saged to
nulungi aku?” panjaluke Nisa dening Sari, amergi Nisa mboten ndherek kader
biopori, nanging Nisa ndherek kader wit-witan.
“Nggeh, aku saget. Percoyo kalih kula.” Sari mangsuli kanthi guyon.
“Matur nuwun sanget sampeyan pun nulungi aku.”
“Sami-sami”
Cep klakep kaya paribasane orong-orong kepidak, kabeh murid pada meneng
amergi guru sampun rawuh mlebet kelas lan kabeh murid nggatekake guru ingkang
nembe nerangake pelajaran.
Sampun sekawan jam pelajaran kalaksana, lan ing wekdal ngaso Sari medal
saking kelas kagem madosi Rudi ing kelas IPA 2, nanging Rudi mboten wonten.
“Nuwun sewu Idwan, Rudi wonten ing kelas mboten?” Takone Sari.
“Wah, mboten. Rudi sampun menyang ing toga menehaken wit ingkang badhe
dipun tandur. Lha wonten nopo to Sari, kok madosi Rudi?” wangsulane Idwan.
“Mboten wonten nopo-nopo, namung badhe tanglet mangke kader biopori nopo
mboten. Nggeh pun, kula weling, mangke dipun aturaken kalih Rudi, menawi mangke
dipun tenggo kulo ing ngarep kelas.”
“Nggeh, mangke kula aturke.”
“Nuwun geh sakderengipun.”
“Sami-sami.” Wangsulane Idwan.
Jam setengah kalih sekolah sampun budal. Lan para murid kabeh menyang
parkiran, nanging nggeh kathah ingkang tetep ing sekolahan kagem nglaksanakake
kerja bakti. Para siswa ingkang dados kader lingkungan kabeh reresik ing
sekolahan amergi badhe wonten persiapan lomba. Kegiatan kaya mangkono dipun
laksanakake saben dinten sak sampune budal sekolah. Nanging Sari mboten
langsung menyang, Sari lungguh ing ngarep kelas rumiyin, lan mboten suwe Rudi
mlaku ing ngarepe Sari lungguh.
“Sari, menyang kerja bakti mboten?” takone Rudi kanthi mesem marang Sari.
“Menyang lah, ngaso riyen.” Wangsulane Sari disambi mesem. “Rudi! Niki
wonten serat kagem sampeyan.” Sari matur kanthi ngulungake seratipun.
“Saking sinten niki Sari?”
“Nggeh di waos dewe mawon, mangke ngertos kok.”
“Nopo niki sangking kancane sampeyan?”
“Enggeh! Monggo menyang kerja bakti.”
“Nggeh monggo.” Wangsulane Rudi kanthi esem ingkang sumringah.
Tigang dinten kepungkur, nanging Sari mboten dipun paringi balesan surat
saking Rudi. Ing dinten wingi nalika pada ngolah kompos Sari kang kapethuk Rudi
nggeh mboten dipun weling nopo-nopo. Rudi namung mesem kalih Sari. Nanging Sari
sampun matur kaleh Siti, bilih badhe tanglet kalih Rudi.
Wayah sore, sakderenge Sari mantuk, Rudi
marani Sari lan podo lungguh ing batur ngisor uwit.
“Sari, niki buku laporan kegiatan kader lingkungan.”
“Kok diwenehke kula?”
“Sampeyan teliti sampun bener nopo dereng, menawi sampun mangke dipun
paringke kalih Idwan nggeh!”
“Nggeh, Rudi! Nopo sampeyan deres mbales seratipun Siti?”
“Nyuwun ngapunten. Kula mboten tresna kalih Siti.”
“Kula angsal ngertos niku sinten?”
“Naminipun Sari, ingkang nembe guneman kalih Rudi ing batur ngisor wit
klengkeng. Ingkang ndherek kader lingkungan ing babagan biopori.”
“Napa niku kula??” wangsulane Sari kanthi kaget sanget.
“Monggo mantuk sakniki, mpun jam gangsal, mangke dipadosi tiyang sepuhe
lho!” wangsulane Rudi kang mboten nanggepi pitakone Sari.
Saktekane ing ngomah, Sari ngguneman dewe kalian batine.
“Kula kudu pripun dening Siti. Kula mboten purun mblenjani janji kula.
Mangke menawi Siti gadhah raos ala kalih kula pripun? Nanging kula nggeh mboten
purun Rudi gadhah raos ala kalih kula? Kula kudu pripun?”
0 komentar:
Post a Comment