My Hot Videos



Basa Jawi : Sengkalan

Saturday, March 16, 2013



Sengkalan

Sengkalan yaiku tetembungan utawa gambar bisa uga awujud pepethan (patung) kanggo mengeti kedadean kang wigati sing mujudake angka taun.
Wujude ana 2 :
a.       Sengkalan lamba yaiku pengetan taun mawa tetembungan.
b.      Sengkalan memet yaiku pengetan taun mawa gambar, pepethan.
Carane gawe sengkalan lamba :
1.      Mangerteni wataking tembung kang ngemu wilangan / angka.
2.      Nulis angka taun saka buri.
3.      Gawea tetembungan trep karo watake angka, ukurane sing becik, lan gampang dieling-eling.
Tuladha :
Sengkalan memet tinemu ing kraton ngayogyakarta hadiningrat kang wujude naga loro kang buntute ubet-ubetan. Yen diwaca sengkalane mumet muni dwi naga rasa tunggal.
a.       Dwi naga rasa tunggal
   2      8      6        1
Tahun 1682 iki tahun madege kraton ngayogyakarta
Wataking tembung kang ngemu wilangan kaya ing ngisor iki :
1.      Watak siji              : barang / perangane badan kang cacahe mung siji utawa awangun bunder sadasa namane kayata gusti, manungsa, nabi, srengenge, rembulan, ati, sirah lan sapanunggalane.
2.      Watak loro                        : barang kang cacahe loro sadasa namane kayata tangan, kuping, sajodho, swiwi, mripat, lan sapanungglane.
3.      Watak telu             : barang kang mawa geni, kapinteran sadasa namane kayata obor, geni, panas, sorot, pinter, wasis, guna, lan sapanunggalane.
4.      Watak papat          : barang kang ateges banyu, gawe sadasa namane kayata tuk, segara, samodra, karya, lan sapanunggalane.
5.      Watak lima            : barang kang ateges buta, panah, angin, lima, galak sadasa namane.
6.      Watak enem          : tembung kang ateges obah, kayu, rasa, gegolonganing kewan asikil enem (sadpada) sadasa namane.
7.      Watak pitu                        : tembung kang ateges swara, gunung, pandhita, jaran, swara numpak sadasa namane.
8.      Watak wolu           : tembung kang ateges kewan rumangkang (reptil) sadasa namane kayata rahayu, basuki, ula, baya, cecek, lan sapanunggalane.
9.      Watak sanga          : barang kang ateges bolong. Kembang dewa. Ambu (ganda), sadasa namane, kayata gapura, leng, bablas, wangi, lan sapanunggalane.
10.  Watak das/nol       : tembung kang ateges ora ana utawa dhuwur kayata ilang, mati, swarga, sira, das,  nir, lan sapanunggalane.

0 komentar:

 
Do you can do it?? © 2012