My Hot Videos



Sesorah : Ngunjuk Jamu

Friday, March 15, 2013



pidato
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kabagyan kawilujengan mugi tansah kajiwo kasalira dumateng kula panjenengan sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmatan mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjenengan sedaya, satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten papan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula wonten ing papan menika badhe ngaturaken sesorah kanthi tema mbudayakake ngunjuk jamu. Jaman biyen ngunjuk jamu menika sampun lumrah, nanging kanggenipun lare-lare ugi remaja ngunjuk jamu menika mboten lumrah. Para rawuh ingkang kunurmatan, lare-lare uga remaja perlu pengenalan marang jamu tradisional, amargi jamu menika obat tradisional. Ngunjuk jamu saged njagi kesarasan uga nambani bilih kula panjenengan sedaya sakit. Jamu menika didamel saking maneka warna tumbuhan. Jamu menika warisan leluhur ingkang kedah dipun uri-uri. Para rawuh ingkang kinurmatan, kula panjenengan sedaya perlu mbudayakake ngunjuk jamu.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mugi kula panjenengan sedaya saged nindakaken sedaya ingkan kula aturaken.
Para rawuh ingkan kinurmatan, kula nyuwun pangapunten bokbilih anggenipun kula matur mboten kersa wonten ing penggalih.

Tuku iwak iwake sepat, iwak sepat dimasak karo santen.
Menawi kathahing lepat kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

 
Do you can do it?? © 2012