My Hot Videos



Pranata Cara Jawi

Sunday, November 11, 2012

-->

MAKALAH BASA JAWI

PRANATACARA



Dipundamel Kagem Njangkepi
Tugas Basa Jawi


Dening :
Anik Okvitasari K.   ( 02 )
Catur Apin Subekti  ( 04 )
Risqilaily Fajriani    ( 15 )
Laily Ulandaru         ( 24 )

Kelas : XI A2


SEKOLAH MENENGAH ATAS
NEGERI 1 JETIS BANTUL
YOGYAKARTA
2011

ATUR SESORAH ( PIDATO )

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati lan para siswa-siswi SMA N 1 Jetis ingkang kula tresnani. Mangga langkung rumiyin kula dherekaken sami angaturaken puji lan syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kathah rahmat, hikmat, saha hidayah dhateng kula lan panjenengan sedaya, satemah kula lan panjenengan saged rawuh wonten ing Pengetan Dinten Bebas Merokok samenika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, dinten menika kula lan panjenengan sedaya sami mengeti dinten Bebas Merokok Sedunia. Tentunipun sedaya kawula sak indenging jagad kedah gumyak gumbira supados mboten ngeses utawi merokok wonten ing dinten menika. Piyantun-piyantun ingkang kapingin sehat sak mestinipun mangertos bebayaning tiyang ngeses. Kados dene SMA N 1 JETIS menika, sampun nyanangaken angen-angen “Lejar Ngeses” wonten sak kupenging sekolah ngantos sak menika.
Samubaran panaliten mbuktikaken menawi ngeses membayani tumrap kasarasan, ngeses angganggu mergine ambegan, nyebabaken licalipun ilange kekajengan dhahar, raos seneb, ambegan menggos-menggos ugi saget anjalari jantung risak, kanmongko sampun dipun mangertosi bilih ngeses anjalari gerah kronis malah saged ndadosaken tiwas jiwa lan raga. Perokok ugi gadhah peluang ageng kenging kanker paru-paru, tenggorokan, lan sak panunggalanipun. Ugi saged kenging emfisema lan bronkitis.
Kendunganipun asep rokok sanget membayani tumrap kasarasan, kayatanipun nikotin, senyawa pirimidin, amonia, karbondioksida, karbon monoksida, asam organik, keton, aldehid, saha tar. Sedaya zat kalawau anggadhahi sipat angganggi membran lendir ingkang wonten ing saluran pernapasan.
Mila kula panjenengan sedaya, ayo sami mberantas rokok wonten ing sakiwa tengenipun kula panjenengan sami, mboten ngantos rokok ngrisak kesarasanipun kula panjengenan sami.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged ngampil hikmahipun saking atur kula kalawau. Sedaya kelepatan lan kekirangan kula, kula nyuwun agenging pangapunten dhateng panjenengan sami,
Matur nuwun. Billahitaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

ATUR MINANGKA PANITIA

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun, para rawuh kakung putri ingkang kula kurmati, ugi Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, saha siswa-siswa SMA N 1 JETIS ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami angaturaken puji syukur kepareng dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring kanugrahan, kanikmatan saha rahmat dhateng kula pankenengan saged sedaya satemah dinten punika kula panjenengan saged sami mengeti dinten Bebas Merokok Sedunia wonten ing SMA N 1 JETIS menika.
Para rawuh, dinten menika kula panjenengan sami mengeti dinten Bebas Merokok, satemah kula minangka Ketua Panitia saking OSIS ngawontenaken acara menika kangge mangertosi perlunipun nebihi ngeses wonten sak bendinanipun, amargi ngeses saged ngrisak kasarasaning badan ugi saged ndadosaken tiwasing badan utawi puncaping nyawa. Ngengingi bebayanipun ngeses sak lajengipyun badhe rawuh Dinas Kesehatan ingkang badhe maringi ular-ular dhumateng kula panjenengan sedaya.
Nanging, saderengipun andharan kaparingaken, kula perlu ngaturkaen panuwun dhateng panjenegan sedaya dene sampun sami keparengan rawuh wonten ing acara menika, perlu tolabul ngelmi, ngangsu tetuladan utami, ugi matur nuwun dhumateng piyantu-piyantu ingkang sampun sami mbiyantu kangge ngawontenaken pengetan punika, mugi-mugi kaparingan piwelas dening Allah SWT sak kathah-kathahipun. Amin.
Dhumateng Bapak Drs. H. Catur Apin Subekti, minangka perwakilan Dinas Kesehatan kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, dene Bapak sampun keparengan rawuh paring wewarah dhumateng kula panjenengan sedaya.
Para rawuh, mangga pengetan Dinten Bebas Merokok menika sami dipun wiwiti.
Kula mingangka panitia nyuwun pangapunten menawi kathah kalepatan lan kirang subasita wonten ing penggalih penjenengan sami, cekap semanten atur kula.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

 
Do you can do it?? © 2012