MAKALAH BASA JAWI
TEMBANG MACAPAT
DHANDANGGULA
Dipundamel Kagem Njangkepi
Tugas Basa Jawi
Semester I
Dening :
Catur Apin Subekti ( 05
)
Faris Akbar ( 11 )
Rahmanto Budi Prabowo (
18 )
Kelas : X3
SEKOLAH MENENGAH ATAS
NEGERI 1 JETIS BANTUL
YOGYAKARTA
2009 / 2010
A.
PAMBUKA
Saking
krentege manah kawula badhe cawe-cawe ngleluri macapat. Pramila kawula
kumawantun ngaturaken cathetan ringkes bab macapat. Cathetan menika kaserat ing
pangajab saged mbiyantu para kadang anggenipun nyinauni bab macapat.
Seratan
menika senaosa ringkes ing pangajab sageda ngewrat sedaya sarinipun bab
macapat.
Dumateng
para kadang ingkang mumpuni ing babagan macapat, kita tansah angantu-antu
sumbang surungipun amrih sampurnaning seratan menika. Wonten ing cap-capan
salejenginpun kiranging tata, titi, saha titis anggen kawula ngaturaken seratan
punika kawula namung titah sawantah nyuwun sih agunging samodra pangaksana.
Nuwun.
1. Dasar
-
Makalah punika dipundamel kagem
njangkepi Tugas Basa Jawi Semester 1 kelas X3.
2. Ancas
-
Saget dadosaken piwulangan budi pekerti
kagem kulo lan panjenengan.
B.
PEMBAHASAN
1.
Materi Tembang Macapat
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah
Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku maknané maca papat-papat. Macané pancèn
rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning
jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana
tulisan gathuk kang bisa mesthèkaké. Macapat akeh dienggo ing sapérangan Sastra Jawa
Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yèn disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman
Mataram Anyar, kaya Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Serat Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo
tembang iki. Aturan-aturan iku ana ing:
·
Guru
Gatra : wilangan larik/gatra
saben pada (bait).
·
Guru
Wilangan : wilangan wanda (suku
kata) saben gatra.
·
Guru
Lagu : tibané swara wanda ing
pungkasan ing saben gatra.
Déné,
macapat dhéwé ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku:
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang
macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané
tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti
tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing
ngisor iki:
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing
durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa
wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
·
Mijil
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
·
Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati
kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
·
Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya
bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita
lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
·
Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh /
sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang
digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup
kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa
diarani lagu ndandanggula.
·
Durma
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan
uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi
nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang
sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak
sosialé manungsa.
·
Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
·
Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis
titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
·
Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa
dipocong sak durungé dikubur.
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung
kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
·
Balabak
Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana
siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar
macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuno.
Tabel Sekar
Supaya luwih gampang mbédakaké siji
lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau,
bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar
Macapat
|
|||
Sekar Macapat
|
Guru gatra
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Mijil
|
6
|
10, 6, 10, 10, 6, 6
|
i, o, e, i, i ,u
|
Sinom
|
9
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
|
Dhandhanggula
|
10
|
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
|
Kinanthi
|
6
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
|
u, i, a, i, a, i
|
Asmarandana
|
7
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
|
a, i, e, a, a, u, a
|
Durma
|
7
|
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
|
a, i, a, a, i, a, i
|
Pangkur
|
7
|
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
|
a, i, u, a, u, a, i
|
Maskumambang
|
4
|
12, 6, 8, 8
|
i, a, i, a, a
|
Pucung
|
4
|
12, 6, 8, 12
|
u, a, i, a
|
Jurudhemung
|
7
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
|
a, u, u, a, u, a, u
|
Wirangrong
|
6
|
8, 8, 10, 6, 7, 8
|
i, o, u, i, a, a
|
Balabak
|
6
|
12, 3, 12, 3, 12, 3
|
a, e, a, e, u, e
|
Gambuh
|
5
|
7, 10, 12, 8, 8
|
u, u, i, u, o
|
Megatruh
|
4
|
12, 8, 8, 8,
|
u, i, u, i, o
|
Girisa
|
8
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,
|
a, a, a, a, a, a, a, a
|
2. Tugas
Tembang Macapat ( Dhandanggula )
Ing Kekayon wayang
purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur
Papat mungguhing manungsa. Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu
patang warna yaiku : Macan nggambarake nafsu Amarah, Bantheng
nggambarake nafsu Supiyah, Kethek nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk
Merak nggambarake nafsu Mutmainah

SEDULUR PAPAT LIMA PANCER
Njupuk sumber saka Kitab Kidungan
Purwajati seratane, diwiwiti saka tembang
Dhandanggula kang cakepane mangkene:
Ana kidung ing kadang Marmati Amung tuwuh ing kuwasanira Nganakaken
saciptane Kakang Kawah puniku Kang rumeksa ing awak mami Anekakake
sedya Ing kuwasanipun Adhi Ari-Ari ingkang Memayungi laku kuwasanireki
Angenakken pangarah Ponang Getih ing rahina wengi Ngrerewangi ulah kang
kuwasa Andadekaken karsane Puser kuwasanipun Nguyu-uyu sabawa mami
Nuruti ing panedha Kuwasanireku Jangkep kadang ingsun papat Kalimane
wus dadi pancer sawiji Tunggal sawujud ingwang Ing tembang dhuwur iku
disebutake yen " Sedulur Papat " iku Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan Getih
kang kaprahe diarani Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng Puser (Udel) yaiku
mancer ing Bayi.

Cethane mancer marang
uwonge kuwi. Geneya kok disebut Marmati, kakang
Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa kuwi? Marmati iku tegese Samar Mati !
lire yen wong wadon pas nggarbini ( hamil ) iku sadina-dina pikirane
uwas Samar Mati. Rasa uwas kawatir pralaya anane dhisik dhewe sadurunge
metune Kawah, Ari-Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane Rasa Samar Mati iku
banjur dianggep minangka Sadulur Tuwa. Wong nggarbini yen pas babaran
kae, kang dhisik dhewe iku metune Banyu Kawah sak durunge laire bayi,
mula Kawah banjur dianggep Sadulur Tuwa kang lumrahe diarani Kakang
Kawah. Yen Kawah wis mancal medhal, banjur disusul laire bayi, sakwise
kuwi banjur disusul wetune Ari-Ari. Sarehne Ari-Ari iku metune sakwise
bayi lair, mulane Ari-Ari iku diarani Sedulur Enom lan kasebut Adhi
Ari-Ari Lamun ana wong babaran tartamtu ngetokake Rah ( Getih )
sapirang-pirang. Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing wektu akhir, mula Rahsa
iku uga dianggep Sedulur Enom. Puser (Tali Plasenta) iku umume PUPAK
yen bayi wis umur pitung dina. Puser kang copot saka udel kuwi uga
dianggep Sedulure bayi. Iki dianggep Pancer pusate Sedulur Papat. Mula
banjur tuwuh unen-unen " SEDULUR PAPAT LIMA PANCER " Ing Kekayon wayang
purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan, Bantheng,
Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing
manungsa.

Kewan cacah papat mau
nggambarake nafsu patang warna yaiku : Macan
nggambarake nafsu Amarah, Bantheng nggambarake nafsu Supiyah, Kethek
nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah
kang kabeh mau bisa dibabarake kaya ukara ing ngisor iki: Amarah : Yen
manungsa ngetutake amarah iku tartamtu tansaya bengkerengan lan padudon
wae, bisa-bisa manungsa koncatan kasabaran ,kamangka sabar iku mujudake
alat kanggo nyaketake dhiri marang Allah SWT. Supiyah / Kaendahan :
Manungsa kuwi umume seneng marang kang sarwa endah yaiku wanita
(asmara). Mula manungsa kang kabulet nafsu asmara digambarake bisa
ngobong jagad. Aluamah / Srakah : Manungsa kuwi umume padha nduweni
rasa srakah lan aluamah, mula kuwi yen ora dikendaleni, manungsa
kepengine bisa urip nganti pitung turunan. Mutmainah / Kautaman :
Senajan kuwi kautaman utawa kabecikan, nanging yen ngluwihi wates ya
tetep ora becik.

3. Tuladha
Tembang Macapat
Mijil
Poma kaki padha dipun eling Ing pitutur ingong Sira uga satriya arane Kudu anteng jatmika ing budi Ruruh sarta wasis Samubarang tanduk |
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri Den padha prayitna Ajana kang kuma wani Mring biyung tanapi bapa |
Sinom
Nulada laku utama Tumraping wong tanah Jawi Wong Agung ing Ngeksianda Panembahan Senapati Kepati amarsudi Sudaning hawa lan nenpsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amemangun karyenak tyas ing sasama |
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang Sanak kadang kang lali Den nedya raharja Mangkono tindak ira Yen tan nggugu iya uwis Teka meneng amung aja sok ngrasani |
Kinanthi
Saranane wong yun luhung Betah tapa kurang guling Elinga solah jatmika Yen wicara kudu manis Murih sengseming sasama Samaning manungsa sami |
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip Ala lan becik puniku Prayoga kawruh ana Adat waton punika dipun kadulu Miwah ingkang tata krama Den kaesthi siyang ratri |
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing hukum Kang ngibadah lan kang wirangi Sokur oleh wong tapa Ingkang wus amungkul Tan mikir pawewehing lyan Iku pantes sira guranana kaki Sartane kawruh ana |
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh Kasudra nira andadi Dahurune saya ndarung Keh tyas mirong murang margi Kasetyan wus nora katon |
Asmaradana
Aja turu sore kaki Ana dewa nganglang jagal Nyangking bokor kencanane Isine donga tetulak Sandang kalawan pangan Yaiku bageyanipun Wong melek sabar narima |
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawankas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara |
Gambuh
Aja nganti kabanjur Barang polah kang nora jujur Yen kabanjur sayekti kojur tan becik Becik ngupayaa iku Pitutur ingkang sayektos |
|
4. Isi
Lan Kaitan Tembang Macapat
Dhandanggula
Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine
'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka
kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya
dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja
ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen
tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.
10-i
10-a
8 -é
7 -u
9 -i
7 -a
6 -u
8 -a
12-i
7 -a
10-a
8 -é
7 -u
9 -i
7 -a
6 -u
8 -a
12-i
7 -a
C.
PANUTUP
Saking cariyos kala wau saget dipunpendhet piwulang
:
1. Dudutan
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah
Jawa. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku maknané maca papat-papat.
Dhandhanggula iku salah sijine
tembang macapat kang isine 'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku
pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga
nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
2. Pituduh
-
Pramila mangga kita ngleluri budaya
jawi, tuladhanipun nembang macapat.
0 komentar:
Post a Comment